KESENIAN TRADISIONAL
![]() |
|
|
DEWA RUCI
|
Wayang
Wayang yaiku
jenenge tontonan kanthi pepethan uwong, kewan kang ginawe saka walulang utawa kulit
kewan, kayu, godhong, kain lan sapanunggalane.
Wayang iku ana
wiwit taun 939 jaman Sri Jaya Baya jumemeng nata ing kedhiri, wektu iku wayang
ginawe saka godhong tal, banjur ditutugake raden panji ing jenggala.
Ing jaman para
sunan,salah sawijining sunana kang migunakake wayang kanggo sarana dakwah
nepungake agama islam yaiku Sunan Kalijaga.
A. JINIS-JINIS WAYANG
Wayang kulit utawa
wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang (kulit). Nyaritakake
lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis
wayang liyane, kayata:
1.
Wayang wong
Wayang sing
paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2.
Wayang beber
Yaiku mori kang
digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung
maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
Miturut Kitab
Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing
Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing
tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
Wayang sing
nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp. (bentuknya hampir
sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485
(Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan
penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang
tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan
berkembang pada jaman Majapahit)
4.
Wayang klitik
(krucil)
Wayang sing digawe
saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp.
Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan
kang digunakake sangat sederhana.
5.
Wayang golek
(thengul)
Wayang sing digawe
saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang
golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang
golek Asep Sunarya saka Sunda.
6.
Wayang madya
Wayang kulit sing
nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening
Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang
gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7.
Wayang potehi
Wayang golek kanthi
cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina
Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung
Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka
kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19
M.
8.
Wayang sadat
Wayang sing
nyritakake lakon agama Islam
9.
Wayang suluh
Wayang sing
nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10.
Wayang suket
Wayang kang digawe
saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa
kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.
B.
Paraga
sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
1. Dhalang yaiku
sing nglakokake lakuning pagelaran.
2. Sindhen/waranggana
yaiku sing nglagokake tembang-tembang ngrengga iramaning gamelan.
3. Niyaga/pengrawit yaiku paraga sing nabuh
gamelan anut larasing gendhing.
C.
Piranti pagelaran Wayang
1. Kelir,
nggambarake langit utawa angkasa
2. Blencong, nggambarake srengenge rembulan
lan lintang
3. Debog,
nggambarake bumi
4. Kothak,
nggamabrake sangkan paran
5. Cemala,
nggambarake samsitaning urip.
6. Keprak,
nggambarake ilining banyu utawa getih,
7. Wayang,
nggambarake manungsa
8. Gamelan,
nggambarake mobah mosiking kahanan jagad saisine.
9. Kayon,
nggambarake gunung, alas, geni, segara, prhara, angina, lan
sapanunggalane.
D. Urut-urutanine
pagelaran wayang kulit sawengi
1. Jejer
kedhaton, paseban njaba, bodholan
2. Limbukan
3. Jejer
sabrang
4. Perang
gagal
5. Gara-gara
6. Perang
kembang
7. Perang
bubrah
8. Tancep
kayon
E.
Sumber Crita donyaning pakeliran wayang
1. Kitab
Ramayana, anggitane pujangga agung walmiki, nyaritakake lelakone Prabu Sri
Ramawijaya lan Dewi Sinta.
2. Kitab Mahabarata, anggitane pujangga
agung Wiyasa, nyaritakake lelakone pandhawa lan kurawa.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar